Dening : Nyai Munying (Riski Wulan Fitri)
Produksi Kaping Pisan
2022
TOKOH:
- BU ZUBAEDAH: perempuan usia awal 40-an, kaya, sombong, lamis, ibu-ibu sosialita, tipe ibu-ibu everything about me
- BU SITI: perempuan usia akhir 30-an, kurang mampu, selalu dihina oleh Bu Zubaed
- BU SETIYANI: perempuan usia awal 40-an, tengah-tengah
- KENZO: anak Bu Zubaed, kelas 5 SD, mecicil, kemaki
- LISA: adik Kenzo
- IPUL: anak Bu Siti, agak plolor, kelas 5 SD, kemaki
- FATAH: anak Bu Setiyani, kelas 5 SD, kompor
- KANG SAYUR: laki-laki usia 30-an
- PAK SOLIKHIN: suami Bu Siti, bapack-bapack xixixi
- MBAH JIWO: Tokok Masyarakat, bijak, seram, terkadang lucu.
———————————-BABAK 1———————————-
LANGIT SUDAH TAMPAK JINGGA. MATAHARI DI UJUNG SANA SUDAH TERGESA-GESA INGIN PERGI. ANAK-ANAK KAMPUNG UMBUL MASIH ASYIK BERMAIN DI TERAS LIK SARDI. MEREKA DUDUK BERJAJAR, KABEL CHARGER MENJUNTAI, DAN JEMPOL-JEMPOL YANG SIBUK MENEKAN-NEKAN LAYAR HP. WIFI GERATIS DAN COLOKAN ADALAH KENIKMATAN YANG TIADA TARA. TERDENGAR TEMBANG “PADHANG BULAN” DISELANGI UMPATAN-UMPATAN KASAR DARI PASUKAN HP MIRING ITU.
KENZO
Asuuu!!
IPUL
Ayo ah Zo, booyah kii booyah!
FATAH
Bajingan! Ngelag cookkk
(bocah-bocah itu masih sibuk mengumpat sambil sesekali membanting hp karena kesal)
LISA, ADIK KENZO YANG IKUT MENONTON KAKAKNYA BERMAIN GAME MULAI RUSUH.
LISA
Mas, ayo to jare meh ngeterke tumbas marimas ning Mbak Miranti.
KENZO
Kosek to waah. Gek seruu iki. Ayo cuk booyah kii booyah!
LISA
Ayo to mas… tak kandakke mami lho
FATAH
Alah ya allah… ngelag meneh
IPUL
Goblookkk ayo cuk! Waah hp xiaomi kentang rasah melu main
Ayo Zo, headshoot headshoot
KENZO
Jancuk asuu bajingan!! Wifi-ne kok dipateni to lekkk!
IPUL
Hayoo meh booyah kii. Ah jan asuu
HARI SUDAH SEMAKIN GELAP. TERLIHAT MAMI KENZO MENDEKAT SAMBIL MEMBAWA SAPU.
BU ZUBAEDAH
(berteriak) Kenzo! Bocah dolan ra ngerti wayah! Ngerti mangsane maghrib malah isih metungkruk dolanan hp. Bali! (sambil memukulkan sapunya ke pantat Kenzo) Liyane bubar! Bubar! Ipul barang kui digoleki mbokne mayeng-mayeng malah jebule ning kene. Bubar!
Dii Sardii, sesok neh neh wifine mbok ganti wae password-e
AKHIRNYA MEREKA BUBAR DAN PULANG KE RUMAH MASING-MASING SAMBIL BU ZUBAEDAH MASIH MENGGERUTU MENGOMELI ANAKNYA.
LISA
Mi, ra sido tumbas marimas ning Mbak Miranti?
BU ZUBAEDAH
Alah rasah tumbas marimas. Nggon Mbak Miranti es e mentah, marai watuk. Wis, pulang wae njuk mandi.
———————————BABAK 2———————————-
KANG SAYUR
Yuurrrr…. Sayuurrrr
BU SITI
Ndengaren gasik, Kang
KANG SAYUR
Hanggih to bu. Monggo ngersakke nopo.
(BU SET DATANG BERSAMA FATAH)
FATAH
Buk aku arak tumbas Yudi yo buk
BU SET
Yudi sopo eh, Nang? Kok arak dituku barang
FATAH
Iki lho permen Yudi
BU SET
Ealaah permen toh. Yowes kono, rasah akeh-akeh
FATAH
Karo sosis yo buk (mengambil lima sosis, nyengir, lalu kabur)
BU SET
Ealaah pancen anak lanang kelakohane
Mbak Siti mpun matengan, Mbak?
BU SITI
Hanggeh dereng to Bu, nembe ngeliwet tok, ndilalah janganane telas Bu.
BU ZUBAED
Ibu-ibuuu….. good morning
Aduuh sweger-sweger tenan niki bu. Wis podo adus to? Po malah isih podo mambu brambang bawang? (tertawa)
BU SITI
Walaah Bu Zubaed niki malah mpun mlenis, wangi. Kulo nggih trimo tasih mambu luweng
BU ZUBAED
Nek aku kii yo, esuk ki kudu wes seger ngono ke lho, wangi. Ben bojoku ki yo seneng ngono lho yen bojone ketok ayu. Tur neh kan yo masake ora nggo luweng. Gari nancepke, tinggal dandan yo mateng to buk.
KANG SAYUR
Lha niki ndengaren Bu Zubaed belonjo ting bakul eyek, monggo monggo bu ngersakke nopo
BU SET
Waiyo to kang, Bu Zubaed mah biasane belanjane ning supermarket
BU ZUBAED
Laiyoo too, iki kan mergo janganan ning ngomah wis entek rung sempet ning supermarket.
Eh kang, ono kui pora, opo kui jenengane, sol… sal… Alah kui iwak kae lho
KANG SAYUR
Sol nopo to bu? Iwak?
BU ZUBAED
Alaah iwak sek regane larang kae lho, sing sok dipangan wong-wong luar negri kae
BU SITI
Iwak salmon nopo bu?
BU ZUBAED
Naah hayo kui salmon. Ono kang?
KANG SAYUR
Nggih mboten enten to bu, mriki entene nggih gereh, rese, pindang, teri ngonten bu. Nek salmon ya ndak mampu aku
BU ZUBAED
Hayo yo kang, bakul eyek yo ra mungkin ono salmon barang, kudune kan ning supermarket to bu. Koyo salmon, tuna, anane ning supermarket. Anak-anakku lak panganane ngono kui bu, sing sehat-sehat.
KANG SAYUR
Iwak kuntul mah enten niki bu (tertawa)
BU ZUBAED
Alah sampean ke ono-ono wae, mah iwak kuntul barang ke lho
BU SITI
Gembuse ono kang?
KANG SAYUR
Gembuse sinten bu? Kulo nggih mboten gadah
BU SITI
Alah sampean kee
BU ZUBAED
Mbak Siti, gembus ke lak ampas kae to mbak? Mosok ming mangan ampasan to mbak. Ora misakke si Ipul kae lho. Wes ngono jangane jangan lompong. Lha wis ampas, tambah plompang plompong. (tertawa mengejek) liyane gembus lah mbak, ki ikii, iwak kuntul yo oleh
BU SITI HANYA TERSENYUM MENDENGAR OCEHAN BU ZUBED. BAGINYA HAL SEPERTI ITU SUDAH BIASA
BU SET
Bu, njenengan mpun bukak grup wa dereng bu ibu?
BU SITI
Eh enten nopo to bu? HP kulo niku dibeto Ipul damel sekolah e, kulo dereng ngertos info nopo-nopo
BU ZUBAED
Alaah kae lho mbak, iki lak wes wulan ruwah to, sedelo neh poso. Naah biasane nek wes ruwah ngene lak njuk ono nyadran to mbak. Mau bengi ki nembe diumumke karo bu kadus yen tahun iki le nggowo tempelan (berkat) kui sak KK 4. Minimal jangane endhog. Hemm mosok yo ming endhog. Ra level to. Nek kene ki yo minimal ayam lah, paha po dada sek muontok to…
BU SITI
Oalaah enggih nggih bu, mpun ajeng nyadran. Ha nek nggen kulo nggih ket jamane mbah tiap nyadran nggih majik kalih njadah.
BU SET
Enggih niku Mbak Siti. Pancen wajik karo jadahe keluargane Mbak Siti ki legendaris tenan. Wajike legine pas, jadahe gurih menul-menul.
BU ZUBAED
Mosok 2022 isih arak jadah karo wajik. Opo yo bocah-bocah ki bakal doyan. Cah saiki ki yo panganane bangsane Makdi, GFC, njuk wedange sing seger-seger ngono kae lho. Koyo Panta, Spritt. Mosok jadah hmm
BU SITI
Hanggeh kulo namung neraske kebiasaane mbah ndamel jadah kalih wajik. Masalah bocah-bocah remen mboten nggih malah kudune dikenalke kalih panganan tradisional ngonten to bu.
BU SET
Berarti tahun niki berkatane telesan to bu?
Mosok tahun wingi bu kadus ke teko ndawuhi berkatane garingan, ben simpel. Hayo simpel bu, ning lha mosok kulo munjung ning morotuo nggowo endhog karo mie mentah. Hayo malah kulo sek dimasak to bu. Wes ngono suarane morotuo emmh sedep tenan dirungokke.
BU SITI
Hanggeh Bu Set, asline nggeh sekeco garingan, mboten sah ribut-ribut tangi mruput damel masak. Ning nggih panci luwese matengan, njuk dikepung bareng-bareng. Gayeng to bu
KANG SAYUR
Lha nyadrane kapan to niku bu?
BU SET
Sesok minggu kang
KANG SAYUR
Lha nek ngonten sisanke le blonjo to bu (nyengir)
BU ZUBAED
Waaah mosok belonjone ning kang eyek. Po meneh gawe nyadran, yo berkatane ki kudu sek wah ngono lho. Mosok arak jangan lompong ro gembus bacem.
KANG SAYUR
Lha njenengan niku sios belonjo mboten to bu, kok ket wau ming diwolak-walik janganane.
BU ZUBAED
Alah mosok sayurane gur kongene. Wis lah aku tak tuku Makdi wae. Wis iki gae mbayari belanjane ibu-ibu (mengeluarkan sejumlah uang)
BU SET
Eh mboten usah to bu
BU ZUBAED
Alah wes to Bu Set, kolo-kolo. Karo kui lho Mbak Siti ben kolo-kolo belanjane ora gur gembus karo lompong. Wis yooo (Berjalan meninggalkan tetangganya)
—————————————-BABAK 3—————————————-
DI RUMAH BU SITI
BU SITI DAN KELUARGA SEDANG BERSANTAI BERSAMA. PAK SOLIKHIN, SUAMINYA, MEMAKAI SARUNG DAN KAOS OBLONG SEDANG ASIK MENCABUT BULU KETEK. BU SITI DI SEBELAHNYA SEDANG MELIPAT BAJU DAN IPUL, SI TENGIL DAN PLOMPANG-PLOMPONG SEDANG BERMAIN KEONG.
BU SITI
Sesok minggu nyadran to pak
PAK SOL
Hoo po buk
BU SITI
Hoo pak, jare Bu Zubaed tahun iki berkatane nggowo 4, jangane yo minimal endhog. Piye pak?
PAK SOL
Yo piye buk kono, njadah karo majik wae to koyo biasane.
BU SITI
Haiyo pak, beras ketane wes ono, kambil ro gulane yo ono. Ning yo mosok ming arak jadah karo wajik, njuk ora nggowo berkatan?
PAK SOL
Lha jadah karo wajik lak yo berkat bu, podo-podo ono berkahe.
IPUL
Lha kok iso diarani berkat ki piye to pak?
PAK SOL
Lha berkat ki lak asale seko berkah, barokah. Pancen wong jowo ilate ra iso ngomong arab, dadi berkat. Diarani berkah kui mergo wes mambu donga, wes didongani karo pak kiyai, diamini bareng-bareng.
IPUL
Lha ibuk-ibuk ki sok ngomongke berkat teles berkat garing ke maksute piye kui pak?
PAK SOL
Berkat garing ke berkat mentahan kae lho, sing endhoge mentah, miene mentah, beras, lengo, karo gulo teh. Nek berkat teles yo berkat matengan. Berase wes dadi sego, jangane mateng, endhoge mateng.
Lha saiki nek berkat garing biso diarani berkat pora?
IPUL
Yo tetep berkat to pak.
PAK SOL
Lha mau arane berkat opo? Wes mambu dongo to? Kok biso mambu dongo? Yo mergo berkate mateng. Berkat mateng kui wes dimasak, nganggo banyu, dadi mengandung air. Naah sing biso mengikat doa kui salah sijine banyu.
IPUL
Olaah, ning berkat sing paling enak tep berkat sing tipis tur ambune sedep pak, diwadahi amplop putih, isine sak lembar biru. Hmmm swegerr
PAK SOL
Huualaah…
Wes buk rasah dipikir berkatane, sesok lak yo ono rejekine dewe. Sing penting teko njadah karo majik wis melu urun
BU SITI
Lha mengko nek dirasani karo tanggane awakdewe piye pak? Opo meneh Bu Zubaedah kae lho, sing mau wae wes rasan-rasan muni meh gowo makdi karo roken ciket po opo kae.
PAK SOL
Halah buk buk …..
Gur karo bu Zubaedah kok kemomosen. Awak dewe ki yo kudu sadar diri, awak dewe ki gur wong cilik sing mampune gur gawe wajik karo jadah. Ngko nek dirasani bu Zubaedah aku tak melu ngicip buk, hahaha. (PAK SOL GUYU NGAKAK KANGGO GAWE AYEM BU SITI)
TIBA-TIBA IPUL BERTERIAK KESALITAN KARENA BIBIRNYA DIGIGIT KEONG YANG SEDANG DIMAINKANNYA. BU SITI YANG PANIK MEMBUAT PAK SOL SEMAKIN TERTAWA TERBAHAK-BAHAK.
—————————————-BABAK 4—————————————-
SORE HARI, SEPULANG MENGAJI DARI MBAH GURU RIYADI, KENZO, IPUL, DAN FATAH LANGSUNG MENUJU RUMAH LEK SARDI UNTUK NUMPANG WIFI SEPERTI BIASA. PANTAT IPUL TERASA PEDAS KARENA DIPUKUL OLEH MBAH GURU.
KENZO
Asem bokongku pedes tenan di seblak mbah guru
FATAH
Koe i goblok kok kon moco qur’an malah ulaaa dowo, ulaaika malah ulaa dowo. Makanee nek ngaji ki nggatekke ra guyon wae
IPUL
Pekok pancen, ngaji ra iso, nge-game kalahan, cah ra pokro. Njuk koe i isane opo?
KENZO
Wes rasah kakean cangkem, by one wae nek wani
FATAH
Aah wes ayo! Kalahan wee nantang-nantang
Yoo by one, ning totoan sisan. Sing kalah nukokke jajan
KENZO, IPUL
Yooo siaap
IPUL
Jancukk password e digantii
FATAH
Asem i, lek password e opo lek? (berteriak)
KENZO
sun sek peng dua
FATAH
Mah kon sun sek peng dua, maho po we
KENZO
Kui ki password e. Aku krungu mamiku takon Lek Sardi, disauri ngono malah arak disun tenan
IPUL
Hakok ngeri tenan mamimu
Wes yo by one, ndang login
MEREKA TERUS BERMAIN HINGGA PUNCAKNYA KENZO KALAH
FATAH
Hahaha sokor we Zo, kalahan we nantang-nantang. Kalah tenan to we
IPUL
Janjine lho zo, sesok gawakke jajan
KENZO
Alaah ming jajan we sepele
IPUL
Tenan lho Zo, tak cekel omonganmu. Awas nek ming ndobos
KENZO
Mecicil tenan to we. Senggel yo!
KENZO
Alaah ot (omong tok) we. Nek wani maju
KENZO DAN IPUL PERANG SARUNG (GIR-GIRAN). SI FATAH, BUKANNYA MELERAI MALAH IKUT-IKUTAN MEMUKULKAN SARUNGNYA KE KEPALA KENZO DAN IPUL.
—————————————-BABAK 5—————————————-
TIBA SAATNYA HARI AKAN DILAKSANAKANNYA ACARA NYADRAN DESA UMBUL. BU ZUBAED PULANG DARI SUPERMARKET MEMBAWA SETUMPUK BELANJAAN UNTUK PERSIAPAN NYADRAN. SEPERTI ANAK-ANAK PADA UMUMNYA, KENZO DAN LISA MENYERBU MAMINYA DAN MENGGELEDAH BELANJAANNYA.
LISA
Mi tumbas es krim pora mi?
KENZO
Kinderjoyne endi, Mam?
BU ZUBAED
Eladalaah mbokyo kosek, ra dibubrahi kabeh, mami rung sempet nggawe story ki lho.
BU ZUBAED MENGELUARKAN HP-NYA DAN MEREKAM DIRINYA SENDIRI.
BU ZUBAED
Hallo gaiss, ini aku habis pulang dari supermarket. Kii anak-anakku wes nggledahi nggoleki kinderjoy.
Ki lho kinderjoyne, kui kuii… naah
LISA
Es krime endi Mi?
BU ZUBAED
Lha kae wes digowo mamas
LISA
Maasss, kui es krimku (berteriak mengejar mamasnya)
BU ZUBAED
Ya gitulah gaiss anak-anak kalo habis dari belanja selalu minta jajan. Dan jajannya kan nggak sing murah-murah kayak marimbak. Jajane yo sek mewah-mewah to.
Ki lho gaiss, belanjaku ki gawe nyadran yo sek mewah-mewah to… kii jajanane enak-enak kekinian, ora jadah, hoo to. Kii spritt, ki ki delok, semangkane glindingan.
Wis wenak-wenak pokoke.
KENZO
Mam, iki kok ono Makdi barang to mam ? Tak maem yo mam.
BU ZUBAED
Owalah mas mass, mbok jangan gragas-gragas mass. Itu Makdine ki meh tak gawe nyadran mengko. Wes rasah dimek pokokee.
KENZO
Alah mamski karo anake kok pelit banget. Tak icip sitik waee yo mam.
BU ZUBAED
Wo ya situ kalau wani ngemek (Marah melihat tingkah anaknya). Malah tak goreng sisan kamu mas !!
LISA
Aaa mami pengen maem mamas goreng. Kayaknya enak deh mi, opo meneh di kei kecap
KENZO
Tak brakot sisan lho koe cah cilik (Sambil melotot menatap adiknya)
LISA
Mam, kae mamas nakal.
BU ZUBAED
Wes-wes, mas pokoke kui Makdine ojo dimaem. Kui meh digawe berkat mengko nyadaran. Nek mamas nganti wani ngemek kui yo kono, jo takon bakal kualat.
KENZO
Iyo iyo mam. (Sambil ngejek Ibunya)
MELIHAT ADA BEBERAPA KARDUS BERISI AYAM GORENG, KENZO YANG TERINGAT HUTANGNYA KEPADA IPUL DAN FATAH BERNIAT MENUKAR AYAM GORENG TERSEBUT DENGAN TEMPE GEMBUS TANPA SEPENGETAHUAN IBUNYA.
KENZO
Mamski Zubaedah duite akeh kok pelit banget karo anake dewe. Tak garapi sisan ben kapok mamski. Oh iyo aku lak ndue utang jajan gara-gara kalah epep karo ipul fatah. Mending Makdine gon mamski tak ijoli tempe gembus. (Mengendus-endus layaknya maling)
KENZO
Wah lumayan iki, esuk-esuk oleh ayam goreng. Hahaha
Oh iyo, aku kan ndue janji gara-gara kalah epep karo ipul fatah.
Wes lah teko tak ijoli tempe gembus wae lak mami ra ngerti.
(Mengendus-endus sambil menukar makanan kemudian pergi dari dari rumah)
Mamskyyy,,, aku tak berangkat nyadran dulu ya mam.
—————————————-BABAK 6—————————————-
DIJALAN MENUJU LOKASI NYADRAN, KENZO IPUL DAN FATAH BERTEMU. KENZO MEMBERIKAN AYAM GORENG YANG DICURI DARI MAMINYA.
KENZO
Tah Pul sido kon njajake mangan enak-enak pora?
FATAH
Hayo koe kui to sing jatahe kalah totoan
KENZO
Nyoh iki tak gawake ayam goreng krispi wuenak tenan.
IPUL
Wah ayam goreng enak kok bungkus kresek. Paling kur gorengan tempe karo tahu
KENZO
Alah rasah cangkeman koe pul. Malah tak cokol pupu kapok we. Nyoh unboksing dewe ben marem weruh ayam goreng krispi.
IPUL
Wedan, nek iki asli ayam goreng krispi tah, Seko ngendi ki Zo? Akeh tenan. Nyolong to we?
KENZO
Wooo malah ngawur nek ngomong, rasah cangkeman, teko pangan kok repot.
Iki ki nggon mamiku, mosok nggon ibune dewe nyolong.
FATAH
Ha nek nyolong gon ibune dewe malah iso kualat lho koe zo.
IPUL
Nah kui zo, rungoke omongane fatah kui. Iso-iso kualat koe (Sambil memakan ayam goreng)
KENZO
Kualat gundulmu wi, ndene yo doyan we kok ndadak ngomong kualat barang
FATAH
Hayo ipul ke cangkeman tok. Wes pokoke nek kualat ditanggung Kenzo
MEREKA MASIH ASIK MAKAN, HINGGA TIBA-TIBA KENZO TERSEDAK DAN TIDAK BISA BICARA ALIAS GAGU. FATAH DAN IPUL YANG PANIK DAN KETAKUTANPUN MENINGGALKAN KENZO
KENZO
Uhuk-Uhuk. Aahuu, kehelah ahu coh… (seperti gagu)
IPUL
Wooh, kualat tenan iki tah. Bener ayam gorenge mau colongan
FATAH
Wes ayo tinggal lungo wae ndak awakdewe melu kualat.
KENZO
Ahuuu, Bahinhan, Tulunhi coh
Hoooo mah ho hingaht haheh hi hihe
—————————————-BABAK 7—————————————-
ACARA NYADRAN
DIIRINGI TEMBANG LIR-ILIR
ORANG-ORANG KAMPUNG BERDATANGAN SAMBIL MEMBAWA BERKATAN DAN DIKUMPULKAN DIDEKAT MAKAM MBAH UMBUL. DIPIMPIN OLEH MBAH JIWO. ADEGAN NYADRAN (TAHLILAN, WEJANGAN, DOA) DITAMPILKAN DENGAN KOREO HINGGA TEMBANG LIR ILIR SELESAI.
MBAH JIWO
Alpatekah …
WARGA
Audubillahiminas Syaiton Nirajim ……. (membaca bersama)
Amiin.
MBAH JIWO
Monggo saiki berkate podo didahar bareng-bareng. Ora keno dahar berkate dewe.
BU ZUBAED
Mbak Siti ke sido nggowo wajik karo jadah tenan po?
BU SITI
Enggih bu, pripun to? (nyolot, merasa tidak terima)
BU ZUBAED
Yoo piye yo Mbak, kene ki panganane yo ora sing ndeso banget ngono lho. Wes biasane mangane gambus ro lompong, mosok nyadran isih mangan jadah karo wajik. Mbok sek kreatif sitik ngono lho.
BU SITI
Bu Zubaed yang terhormat, keluarga kulo ndamel jadah kalih wajik kan enten maknane. Mboten ming gawe seneng-seneng ilat tok.
Wajik niku tegese wani tumindhak becik utowo wani nglakoni perkoro kang apik. Digawe seko ketan karo gula jawa sing rasane legi. Semono ugo jadah, digawe seko ketan sing lengket, maknane jadah karo wajik iku biso ngraketake paseduluran.
Wis ngono wajik karo jadah digawe nganggo santen, sing maknane “sageda paring pangapunten”, supaya awak dewe biso dadi wong sing paring pangapuro marang liyan.
Wajik rasane legi, pralambang mugo-mugo paseduluran awak dewe bisa manis, rukun, lan harmonis.
Pancen kolo-kolo lathine (lambene) Bu Zubaed ki kolo-kolo dileboni wajik ro jadah ben ra mung nyacati liyan.
BU ZUBAED
Lho sampean kui sing kudune kolo-kolo mangan panganan kutho, ben ra katro banget
BU SITI
Lha to, nyacat neh. Dumeh sugih njuk ra doyan panganan-panganan ndeso.
BU SET
Halah mbok sampun bu, wong kur Bu Zaenab wae kok yo disauri.
BU SITI
Wong-wong koyo Bu Zubaed iki sek marai awak dewe kelangan warisan-warisan tradisional. Leres to mbah Jiwo?
BU ZUBAED
Lho kok ngono, yo ora
BU SITI
Halah nyatane njenengan senengane ngunek-unekke panganan ndeso.
MBAH JIWO
Wes-uwes rausah padu berkat nyadran. Podo kabeh intine berkat mau ki ora didelok seko wujude, nanging seko ikhlase wong sing gawe diniati shodakoh. Sing penting kan awakdewe iso kumpul dadi siji dahar bareng-bareng. Wong berkate mau lak yo ora dipangan dewe-dewe to? Supoyo sing ra tau mangan wajik jadah iso ngrasake koyo ngopo rasane, semono ugo sing ra tau mangan pitik goreng yo iso ngrasake. Wes ayo bu zubaed karo bu siti ijolan berkat.
BU SITI
Mboten usah mbah jiwo, kulo tak ijolan kalih gon Bu Set mawon. (Mangkel)
BU SET
Monggo Bu Siti, niki gon kulo jangan tahu kalih wonten jadahe.
PAK SOL
Wes to buk ra usah digagas. Kene Bu Zubaed berkate sampean tak ijoli. Kok dadi penasaran rasane ayam goreng kui koyo ngopo.
BU ZUBAED
Monggo pak Sol, ayam Makdi paling jooss pokoke. Rasane eeeemmmmhh ndak karu-karuan.
Aduh… (Meringis)
PAK SOL
Walah koyo ngene jebule buk sing diarani ayam Makdi ki. (Kebingungan melihat isi nasi kotak Bu Zubaed)
BU ZUBAED
Lha iyo pak Sol, mesti belum pernah weroh to sampean? Yo itu jenenge ayam Makdi (Senyum bangga)
PAK SOL
Lha iki nek ning omahe dewe lak arane Tempe Gembus to buk?
BU ZUBAED
Walah asline bukan kui pak Sol. Waduh kisinan aku..
BU SITI
Walah gur Tempe Gembus wae kok ndadak tuku larang-larang
WARGA
(Tertawa melihat kelucuan Kotak Makdi berisi Tempe Gembus)
TIBA-TIBA SUASANA TAWA BERUBAH MENJADI KEPANIKAN MELIHAT DUA ANAK SI IPUL DAN FATAH YANG BERLARI SAMBIL TERIAK MINTA TOLONG
FATAH
Tulung !!! Tulung !!!
IPUL
Ho.o !! Ho.o !!
FATAH
Tulungi !!! Kenzo anake Bu Zubaed medeni !!!
IPUL
Iyooo !!
MELIHAT DUA ANAK TERIAK-TERIAK DAN MINTA TOLONG, BU SITI MENGHAMPIRI MEREKA DENGAN PANIK.
BU SITI
Ono opo lee?? Ono opo kok podo mlayu bengak-bengok.
IPUL
Ngaa.. nga.. Nganu Mak (Ngos-ngosan)
FATAH
Kae si Kenzo …
BU ZUBAED MENDENGAR NAMA ANAKNYA IKUT PANIK TAK KARUAN
BU ZUBAED
Ngopo?? Ngopo Kenzo anaku?? Ono opo ?
Kecemplung kalen? Kesundang gudel? Kesrempet jaran? Ngising ning kathok? Kecirit? Magh? Asam Lambung? Asam urat? Darah tinggi? Diabetes?
Duuuh Kenzo anakuuu, Piyee iki ???
BU SET
Sek sek sek, sampean ki mah ngopo to Bu Zubed? Wong yo durung ngerti kezo kenopo kok wes gembradak koyo wong kesurupan ngono? Mbok yo dirungoke disik ben jelas.
BU SITI
Hayo bu zubaed ki malah medeni uwong. Ono opo to le?
IPUL
Nganu kae lho mak, si Kenzo ki teko-teko ra iso ngomong. Terus mripate mendelik-mendelik kae.
FATAH
Ho.o
BU ZUBAED
Waaaaaaa, Anaku Kenzooo, kamu kenopo nak kok bisa koyo ngono? (Menjerit sambil menangis)
Tulungi anaku, mbah Jiwo nyuwun tulung niko anak kulo pripun?
DITENGAH KEPANIKAN, KENZO DATANG DENGAN MATA MELOTOT MENAKUTKAN. BU ZUBAED MENGHAMPIRI ANAKNYA SAMBIL MENANGIS
BU ZUBAED
Kamu kenopo nak? (Menangis)
KENZO
Ahu kehelak mam, ahu hahuk hihik, hehet hah. (Meminta minum dengan suara tidak jelas)
PAK SOL
Wah kui kesurupan sing nunggu prapatan buk.
BU SITI
Mbok yo ra ngawur sampean ki pak. Kok malah diweden-wedeni koyo ngono.
FATAH
Lha iyo mau Kenzo ngono kui pas ning prapatan kidul kuburan kae to pul?
IPUL
Ho.o pak mau ki le kesurupan ki pas ning prapatan kae.
BU ZUBAED
Gimana niki mbah Jiwo?. Kulo minta tulung, anak saya Kenzo didamoni ben sembuh.
MBAH JIWO
Wes sek tak tambanane. Kae tulung jupuke banyu tuk sing wes didongani bareng-bareng mau
PAK SOL
Niki mbah toyanipun.
MBAH JIWO
(Komat-kamit merapal doa lalu meminumnya 3x)
BU ZUBAED
Kok dereng sembuh mbah?
MBAH JIWO
Lha wong durung tak tambani?
BU SITI
Lha niku mau nopo mbah? Kok kadose maos donga terus ngunjuk toya tuk
MBAH JIWO
(Tanpa rasa bersalah) Ngelak e
BU ZUBAED
Lho gimana niki mbah? Mesake Kenzo, setane iso-iso ra gelem metu mbah
MBAH JIWO
Wes tenang wae to. Iki le diombe banyune
KENZO
Celeguk… celeguk… celeguk….
Aaaaaaaahhhhhhh. Asu !!!! (Lega dan mulai normal kembali)
BU ZUBAED
Alhamdulillah …..
Kamu ki kenopo to nak? Kok bisa kesurupan barang? Marai bingung wong sedesa.
KENZO
Sing kesurupan ki sopo to mam??
BU ZUBAED
Lha kamu kui to? Raimu itu lho nganti Mendelik terus le ngomong juga ga ceto.
KENZO
Weee lha wong aku ki gur keselak mam. Kok malah diarani kesurupan. Ncen wedos tenan kok Ipul karo Fatah ki. Aku jaluk wedang kok malah ditinggal lungo
FATAH
Ha raimu i medeni tenan e zo. Makane aku karo Ipul wedi. Iyo to Pul?
IPUL
Ho.o
BU SITI
Ealah tenan to, wong bocah orapopo kok diarani kesurupan.
Lha Kenzo tadi maem apa to kok bisa keselak kaya gitu?
KENZO
Maem Ayam Goreng.
BU ZUBAEDAH TERSADAR TERNYATA SI KENZO MENUKAR AYAM MAKDINYA JADI TEMPE GEMBUS
BU ZUBAED
(Kesal) Owalah, jebulnya kamu to yang nuker Berkat Nyadran mami jadi Tempe Gembus??
KENZO
Hehehe, iyo mam, salahee mamski pelit. (Bersiap-siap lari)
BU ZUBAED
Sini kamu, gawe mami diguyu wong sakdeso.
Kenzoo…. (BERTERIAK SAMBIL MENGEJAR KENZO)
—————————————-TAMAT—————————————-
(dipentaskan di acara Harlah Teater Mhangkat ke 1 PMII Magelang)
Penulis Naskah:
Rizki Wulan Fitri
(PMII Rayon Raden Santri)

Satu pemikiran pada “Berkat Nyadran”
Ternyata ini to, naskah yang kemaren buat pentas Harlah Teater Mhangkat yang pertama..
Respect Nyai Munying🙏